Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 4:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Sasedane Sang Ehud, wong Israel padha nglakoni kang ala maneh ana ing paningale Sang Yehuwah.

2. Tumuli padha dipasrahake Sang Yehuwah marang ing astane Prabu Yabin, ratu ing Kanaan, kang ngasta paprentahan ing Hasor, Senapatine jejuluk Sang Sisera, kang dedalem ana ing Haroset-Hagoyim.

3. Wong Israel banjur padha sesambat marang Sang Yehuwah, amarga panjenengane mau kagungan kereta perang wesi nganti sangang atus, sarta rong puluh taun lawase anggone nindhes wong Israel klawan keras.

maca bab lengkap Para Hakim 4