Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 3:23-31 Kitab Sutji (JAV)

23. Kalawan mangkono Sang Ehud tumuli rawuh ing pandhapa; bareng wis medal lawanging panggungan diinebake lan dikancing.

24. Lagi bae Sang Ehud medal, abdine Sang Prabu nuli padha teka arep ndeleng, nanging lawanging panggungan tinemu kancingan, dadi padha ngira: “Mesthine Gusti lagi turas ana ing dalem pangisisan.”

25. Banjur padha ngenteni, nganti judheg pikire, nanging Sang Prabu ora mbikak kori panggungan, mulane padha njupuk kunci, lawange diwengakake, lah gustine tinemu wus seda, gumuling ana ing jogan.

26. Sasuwene wong mau padha ngenten-enteni mau, Sang Ehud wus oncat, wus langkung ing panggonan watu-watu kang tinatah mau lan banjur nggeblas menyang ing Seira.

27. Bareng rawuh ing kono, banjur ngungelake kalasangka ana ing pagunungan Efraim, sarta wong Israel padha ndherek nglurug, mudhun saka ing pagunungan lan panjenengane piyambak ana ing ngarep.

28. Pangandikane Sang Ehud marang wong-wong mau: “Padha melua aku, amarga Sang Yehuwah wus ngulungake mungsuhmu, wong Moab iku marang ing tanganmu.” Wong-wong mau tumuli padha ndherek nglurug sarta padha bisa ngrebut pasabrangane bengawan Yarden, kang menyang ing tanah Moab, tuwin banjur nyegat aja ana wong kang nyabrang.

29. Ing nalika samana wong Moab kang padha dipateni watara wong sapuluh ewu, kabeh padha wong gagah prakosa lan cukat, ora ana kang bisa oncat siji-sijia.

30. Kaya mangkono bangsa Moab ing dina iku anggone padha katelukake dening Israel, temah tanahe banjur tentrem lawase wolung puluh taun.

31. Sawuse panjenengane, Sang Samgar bin Anat kang jumeneng, kang banjur niwasake wong Filisti kehe nem atus kalawan ngagem angkusing sapi. Mangkono anggone Sang Samgar uga ngluwari wong Israel.

maca bab lengkap Para Hakim 3