Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 3:10-17 Kitab Sutji (JAV)

10. Iku kaayoman ing Rohe Sang Yehuwah sarta dadi hakime wong Israel. Panjenengane majeng perang, Sang Yehuwah nuli ngulungake Prabu Kusyan-Risyataim, ratu ing Aram mau ing astane, temah Sang Prabu Kusyan-Risyataim kawon.

11. Nagara kono tumuli tentrem, lawase patang puluh taun. Wasana Sang Otniel putrane Sang Kenas banjur seda.

12. Nanging wong Israel tumuli padha nglakoni kang ala maneh ana ing paningale Sang Yehuwah; tumuli Sang Prabu Eglon, ratu ing Moab diparingi pangwasa dening Sang Yehuwah ngereh wong Israel, amarga bangsa iku padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah.

13. Prabu Eglon mau asekuthon karo bani Amon lan bani Amalek. Banjur nglurug lan ngawonake wong Israel. Kutha Wit Kurma dibroki.

14. Wong Israel dadine padha ngawula marang Prabu Eglon, ratu ing Moab, lawase wolulas taun.

15. Wong Israel tumuli padha sesambat marang Sang Yehuwah; Sang Yehuwah banjur maringi juru pangluwaran yaiku Sang Ehud, bin Gera, wong Benyamin, iku kedhe. Sang Ehud iku kang adate dadi utusane Israel ngaturake bulubekti marang Prabu Eglon, ratu ing Moab.

16. Sang Ehud tumuli damel golok kang landhep kiwa-tengen, dawane watara meh saasta, banjur disengkelit ing sangisore pangagemane ing cethike tengen.

17. Sawuse mangkono nuli nyaosake bulubekti marang Prabu Eglon, ratu ing Moab. Dene Sang Prabu Eglon mau lema banget sarirane.

maca bab lengkap Para Hakim 3