Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 21:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong Israel wus padha nglairake sumpah ana ing Mizpa, mangkene: “Aja ana panunggalan kita kang ngolehake anake wadon karo wong Benyamin dadi somahe.”

2. Nalika bangsa iku tumeka ing Betel sarta andher ana ing kono ana ing ngarsane Gusti Allah, nganti tumeka ing wayah sore, tumuli padha ngulukake swarane karo nangis kelara-lara.

3. Lan unjuke: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, punapaa dene ngantos wonten lelampahan kados makaten wonten ing Israel, dene ing dinten punika kok wonten taleripun Israel satunggal ingkang ical?”

4. Esuke ing wayah umun-umun bangsa Israel padha ngedegake misbyah ana ing kono, tumuli padha nyaosake kurban obaran lan kurban slametan.

5. Ing nalika samana wong Israel banjur padha ngucap mangkene: “Panunggalane sakehing talere Israel sapa kang ora melu teka karo pasamuwan iki lan banjur seba ing ngarsane Sang Yehuwah?” Amarga wus padha nglairake sumpah kang abot tumrap in sadhengah wong kang ora melu seba marang ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Mizpa, mangkene anggone sumpah: “Wong iku ora kena ora mesthi kaukum pati!”

6. Wong Israel padha mesakake marang suku Benyamin sadulure iku, pangucape: “Ing dina iki ana taler siji kang kapegat saka ing Israel.

7. Kapriye ta rekane tumrap wong kang isih kari iku anggonku padha ngolehake bojo, amarga aku wus padha sumpah demi Sang Yehuwah, yen ora bakal menehake anakku wadon marang para wong iku dadi somahe.”

8. Mulane padha ngucap: “Panunggalane taler Israel apa ana kang ora melu seba marang ing ngarsane Sang yehuwah ana ing Mizpa?” Lah ing kono banjur kasumurupan, manawa wong ing Yabesy-Gilead iku ora ana wong siji-sijia kang nekani ing pakemahan ing pasamuwan iku.

9. Cacahe bangsa banjur katiti-priksa, lah ora ana wong siji-sijia saka ing Yabesy-Gilead.

10. Pasamuwan tumuli nglakokake bala rolas ewu mrana, panunggalane para wong kang gagah prakosa, sarta padha diwekas mangkene: “Padha budhala, wong ing Yabesy-Gilead padha tumpesen klawan landheping pedhang, dalah wong wadon lan bocah-bocahe.

11. Nanging tumindakmu mangkenea: sakehing wong lanang lan wong wadon kang wis tau ngalami tunggal turu, iku padha tumpesen.”

12. Anadene panunggalane wong ing yabesy-Gilead tinemu ana bocahe wadon patang atus kang padha isih prawan, kang durung tau tunggal turu karo wong lanang, iku padha digawa menyang pakemahan ing Silo, kang kaprenah ana ing tanah Kanaan.

maca bab lengkap Para Hakim 21