Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 20:45-48 Kitab Sutji (JAV)

45. Liyane banjur padha mundur lumayu menyang ing ara-ara samun, njujug ing parang Rimon. Nanging padha diasagi ana ing ratan-ratan temah oleh pepati maneh wong limang ewu, nuli dioyak nganti tutug ing Gideom, padha oleh pepati maneh wong rong ewu.

46. Dadine sakehing wong Benyamin kang padha nemu tiwas ing dina iku gunggune selawe ewu, kabeh wong kang padha asikep gegaman pedhang, kabeh wong gagah prakosa.

47. Mung ana wong nem atus kang mundur lumayu menyang ing ara-ara samun, ing parang Rimon iku.

48. Nanging bala Israel banjur padha mbaleni marang wong bani Benyamin sarta padha ditumpes klawan landheping pedhang, iya manungsa iya kewan lan apa kang tinemu ana ing kutha kono. Uga sakehing kutha kang tinemu ing kono padha diobongi.

maca bab lengkap Para Hakim 20