Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 20:38-47 Kitab Sutji (JAV)

38. Nanging wong Israel wus padha sarembug karo baris pendhem mau supaya gawe pega kang kumelun kendel saka ing kutha.

39. Nalika bala Israel padha mundur saka ing peperangan, bala Benyamin banjur wiwit nempuh oleh pepati saka bala Israel watara telung puluh mau, temah padha duwe gagasan: “Mesthi padha kalah maneh ana ing ngarepku, kaya nalika perang kang dhisik kae.”

40. Nanging kebule pega banjur wiwit kumelun saka ing kutha kaya tugu. Bareng bala Benyamin padha nolih ndeleng lah kuthane wus kobong, genine mumbul marang ing langit.

41. Bala Israel tumuli mangsah maneh. Bala Benyamin padha ndredheg, amarga padha weruh, yen padha katempuh ing bilai.

42. Dadine padha lumayu saka ing ngarepe bala Israel, metu ing dalan kang anjog ing ara-ara samun, nanging padha ora bisa nyingkiri perang, sarta ditempukake kang metu saka ing kutha-kutha kang banjur nyirnakake wong-wong iku ana ing tengahe.

43. Bala Benyamin dadine dikepung, dioyak-oyak tanpa leren, diesuk nganti tutug ing ngarepe Gibea sisih wetan.

44. Saka bala Benyamin ana wong wolulas ewu kang padha nemu tiwas, kabeh padha wong gagah prakosa.

45. Liyane banjur padha mundur lumayu menyang ing ara-ara samun, njujug ing parang Rimon. Nanging padha diasagi ana ing ratan-ratan temah oleh pepati maneh wong limang ewu, nuli dioyak nganti tutug ing Gideom, padha oleh pepati maneh wong rong ewu.

46. Dadine sakehing wong Benyamin kang padha nemu tiwas ing dina iku gunggune selawe ewu, kabeh wong kang padha asikep gegaman pedhang, kabeh wong gagah prakosa.

47. Mung ana wong nem atus kang mundur lumayu menyang ing ara-ara samun, ing parang Rimon iku.

maca bab lengkap Para Hakim 20