Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 20:36-41 Kitab Sutji (JAV)

36. Wong bani Benyamin padha weruh, yen wus kalah. Dene bala Israel padha rada mundur ana ing sangarepe suku Benyamin -- sabab padha ngendelake baris pendhem kang wus pacak baris arep nempuh Gibea --.

37. Baris pendhem mau banjur dadakan nempuh marang Gibea. Lakune baris pendhem maju terus nuli nggepuk saisining kutha klawan landheping pedhang.

38. Nanging wong Israel wus padha sarembug karo baris pendhem mau supaya gawe pega kang kumelun kendel saka ing kutha.

39. Nalika bala Israel padha mundur saka ing peperangan, bala Benyamin banjur wiwit nempuh oleh pepati saka bala Israel watara telung puluh mau, temah padha duwe gagasan: “Mesthi padha kalah maneh ana ing ngarepku, kaya nalika perang kang dhisik kae.”

40. Nanging kebule pega banjur wiwit kumelun saka ing kutha kaya tugu. Bareng bala Benyamin padha nolih ndeleng lah kuthane wus kobong, genine mumbul marang ing langit.

41. Bala Israel tumuli mangsah maneh. Bala Benyamin padha ndredheg, amarga padha weruh, yen padha katempuh ing bilai.

maca bab lengkap Para Hakim 20