Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 20:23-34 Kitab Sutji (JAV)

23. Wong Israel nuli padha mangkat sarta nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nganti ing wayah sore, wasana padha neges marang Sang Yehuwah, unjuke: “Punapa kawula sami nempuh perang malih, nglawan sadherek kawula tiyang Benyamin?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Mangsaha nglawan wong-wong iku!”

24. Nanging nalika wong Israel ing dina kapindhone tekan ing sacedhake bani Benyamin,

25. ing dina kapindho iku balane bani Benyamin tumuli padha mapagake saka ing Gibea, sarta padha oleh pepati maneh panunggalane wong Israel wolulas ewu, kabeh padha asikep gegaman pedhang.

26. Wong Israel kabeh, yaiku wong sabangsa kabeh banjur padha mangkat menyang ing Betel, ana ing kono padha nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, sarta padha puwasa sadina iku nganti ing wayah sore, apadene padha nyaosake kurban obaran lan kurban slametan ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

27. Wong Israel tumuli padha neges marang Sang Yehuwah -- pethining prasetyaning Allah ing nalika samana ana ing kono,

28. lan nalika iku Pinehas bin Eleazar, bin Harun dadi imaming Allah -- unjuke: “Punapa kawula kedah mangsah perang malih nglawan sadherek kawula bani Benyamin punika, punapa kedah kawula kendeli?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Padha mangsaha, amarga sesuk bakal Sunulungake ing tanganira.”

29. Wong Israel banjur pacak baris pendhem ana ing sakubenge Gibea.

30. Ing telung dinane wong Israel mangsah nglawan bani Benyamin, lan padha pasang gelar perang nglawan Gibea kaya kang uwis-uwis.

31. Wong bani Benyamin tumuli padha mangsah perang, temah padha kapancing saka ing kuthane, sarta wiwit nggepuk oleh pepati saka bala Israel sawetara kaya kang dhisik, papane ana ing ratan gedhe loro, kang siji ngener menyang ing Betel, sijine metu ing ara-ara anjog ing Gibea, temah kira-kira ana wont telung puluh saka wong Israel kang pinatenan.

32. Ing kono pangucape bani Benyamin: “Wis padha kalah ana ing ngarep kita kaya kang dhisik kae.” Nanging wong Israel ing maune wus padha sarujukan: “Payo padha lumayu mancing wong-wong iku saka ing kutha menyang ing dalan-dalan gedhe.”

33. Wong Israel dadine banjur padha mingser saka ing panggonane, nata gelar ana ing Baal-Tamar, dene bala pendhem Israel dumadakan padha metu saka ing papane, yaiku papan blak-blakan ing sacedhake Gibea,

34. nganti tekan ing sangarepe Gibea, kehe ana sepuluh ewu, bala pilihan saka Israel kabeh. Banjur campuh perang rame, nanging wong Benyamin padha ora sumurup yen ana bilai kang nekani.

maca bab lengkap Para Hakim 20