Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 20:17-24 Kitab Sutji (JAV)

17. Uga wong-wong Israel kawilang cacahe; tanpa suku Benyamin ana patang atus ewu, kang asikep gegaman pedhang; kabeh mau prajurit.

18. Wong Israel banjur padha mangkat sarta lumaku menyang ing Betel. Ana ing kono padha neges marang Gusti Allah, unjuke: “Sinten panunggilan kawula ingkang miwiti mangsah perang nglawan bani Benyamin?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Suku Yehuda kang miwitana dhisik!”

19. Wong Israel tumuli padha budhalan ing wayah esuk, banjur pacak baris ana ing ngarepe Gibea.

20. Wong Israel tumuli padha mangkat perang nglawan Benyamin; wong-wong Israel padha masang gelaring perang ana ing sacedhake Gibea mau.

21. Bani Benyamin uga mangsah metu saka ing Gibea lan ing sadina iku padha oleh pepati panunggalane wong Israel kehe rolikur ewu.

22. Nanging balane wong Israel tumuli padha nglumpukake kekuwatane sarta nata gelaring perang maneh ana ing papan panatane nalika sakawit.

23. Wong Israel nuli padha mangkat sarta nangis ana ing ngarsane Sang Yehuwah, nganti ing wayah sore, wasana padha neges marang Sang Yehuwah, unjuke: “Punapa kawula sami nempuh perang malih, nglawan sadherek kawula tiyang Benyamin?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Mangsaha nglawan wong-wong iku!”

24. Nanging nalika wong Israel ing dina kapindhone tekan ing sacedhake bani Benyamin,

maca bab lengkap Para Hakim 20