Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 20:15-21 Kitab Sutji (JAV)

15. Dene wong bani Benyamin kang saka kutha-kutha liyane mau ing wektu samana ana wong nem likur ewu kang asikep gegaman pedhang, durung kapetung wong ing Gibea, kang cacahe pitung atus, padha wong pilihan.

16. Panunggalane bala samana iku ana wong pilihan pitung atus kang padha kedhe, iku kabeh manawa mbandhil nganggo watu ora mlesed sarambut bae.

17. Uga wong-wong Israel kawilang cacahe; tanpa suku Benyamin ana patang atus ewu, kang asikep gegaman pedhang; kabeh mau prajurit.

18. Wong Israel banjur padha mangkat sarta lumaku menyang ing Betel. Ana ing kono padha neges marang Gusti Allah, unjuke: “Sinten panunggilan kawula ingkang miwiti mangsah perang nglawan bani Benyamin?” Dhawuhe Sang Yehuwah: “Suku Yehuda kang miwitana dhisik!”

19. Wong Israel tumuli padha budhalan ing wayah esuk, banjur pacak baris ana ing ngarepe Gibea.

20. Wong Israel tumuli padha mangkat perang nglawan Benyamin; wong-wong Israel padha masang gelaring perang ana ing sacedhake Gibea mau.

21. Bani Benyamin uga mangsah metu saka ing Gibea lan ing sadina iku padha oleh pepati panunggalane wong Israel kehe rolikur ewu.

maca bab lengkap Para Hakim 20