Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 20:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumuli wong Israel kabeh padha metu ngumpul seba marang ing ngarsane Sang yehuwah ing Mizpa, lan sabiyantu padha nglumpuk wiwit saka ing Dhan nganti tutug ing Bersyeba, lan uga saka ing tanah Gilead.

2. Para panggedhene wong sabangsa kabeh saka sakehing talere Israel padha ngirid pasamuwane umate Gusti Allah, gunggung wong patang atus ewu kang padha dharat lan sikep gegaman pedhang.

3. Bani Benyamin padha krungu warta, yen wong Israel padha nglurug menyang ing Mizpa. Wong Israel nuli padha ngucap: “Padha critakna kapriye kelakone kadursilan iku?”

4. Wong Lewi somahe wong wadon kang kapatenan banjur matur: “Kula kanthi semah kula selir kaleresan dhateng ing Gibea ingkang klebet wewengkonipun Benyamin, sumedya badhe nyipeng.

maca bab lengkap Para Hakim 20