Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 2:5-15 Kitab Sutji (JAV)

5. Mulane panggonan iku diarani Bokhim. Wong-wong mau banjur padha nyaosake kurban marang Sang Yehuwah ana ing kono.

6. Sawuse Senapati Yusak nglilani mundur wong Israel banjur padha mangkat siji-sijine menyang ing tanah-pusakane, lan padha ngebeki nagara kono.

7. Anadene bangsa mau tetep padha ngabekti marang Sang Yehuwah salawase sugenge Senapati Yusak lan salawase sugenge para sesepuh kang isih kasambungan yuswane nganti sapengkere Senapati Yusak, lan kang padha menangi sakehing kaelokane Sang Yehuwah kang ditandukake marang Israel.

8. Lan Senapati Yusak bin Nun, abdine Sang Yehuwah iku seda, yuswane satus sepuluh taun,

9. banjur disarekake ana ing tanah pusakane Timnat-Heres, ing pagunungan Efraim, salore gunung Gaas.

10. Kacarita bareng wong sabarakane iku kabeh wus padha kaklumpukake karo para leluhure, banjur tuwuh golongan liyane, kang ora wanuh marang Sang Yehuwah lan ora ngreti bab apa kang katandukake dening Panjenengane marang wong Israel.

11. Wong Israel tumuli padha nglakoni kang ala ana ing paningale Sang Yehuwah, padha ngabekti marang para Baal.

12. Padha nyingkur marang sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, kang wus ngentasake saka ing tanah Mesir, padha manut marang allah liya-liyane, panunggalane para allahe para bangsa kang ana ing sakubenge, sarta padha sujud marang iku, temah damel gerahe panggalihe Sang Yehuwah.

13. Mangkono anggone padha nyingkur Sang Yehuwah, sarta Baal tuwin Asytoret padha disembah.

14. Temah bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, mulane padha diulungake marang ing tanganing rampog sarta dipasrahake marang pamengkune para mungsuhe ing sakubenge, temah padha ora bisa nanggulangi mungsuhe mau.

15. Menyanga ngendi bae pangluruge padha dilawan dening astane Sang Yehuwah, temah nemu tiwas, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah kalawan supaos, temahan padha banget susahe.

maca bab lengkap Para Hakim 2