Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 2:13-18 Kitab Sutji (JAV)

13. Mangkono anggone padha nyingkur Sang Yehuwah, sarta Baal tuwin Asytoret padha disembah.

14. Temah bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, mulane padha diulungake marang ing tanganing rampog sarta dipasrahake marang pamengkune para mungsuhe ing sakubenge, temah padha ora bisa nanggulangi mungsuhe mau.

15. Menyanga ngendi bae pangluruge padha dilawan dening astane Sang Yehuwah, temah nemu tiwas, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah kalawan supaos, temahan padha banget susahe.

16. Ing kono Sang Yehuwah banjur njumenengake hakim; kang padha ngluwari saka ing tanganing rampog.

17. Nanging para hakim mau uga padha ora dipreduli, awit padha bebedhangan ngetutake allah liya-liyane klawan padha disujudi. Wong Banisrael padha nyimpang saka ing dalan ambah-ambahane para leluhure kang padha ngestokake ing pepakone Sang Yehuwah, sarta padha nglakoni kang ora pantes.

18. Saben-saben manawa Sang Yehuwah njumenengake hakim ana ing antarane, Sang Yehuwah banjur nunggil karo hakim itu sarta ngluwari umate saka ing tanganing mungsuhe, salawase sugenge hakim mau, amarga Sang Yehuwah welas midhangetake pasambate, kang awit saka wong kang padha gawe rupeke lan nindhes.

maca bab lengkap Para Hakim 2