Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 2:12-20 Kitab Sutji (JAV)

12. Padha nyingkur marang sang Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, kang wus ngentasake saka ing tanah Mesir, padha manut marang allah liya-liyane, panunggalane para allahe para bangsa kang ana ing sakubenge, sarta padha sujud marang iku, temah damel gerahe panggalihe Sang Yehuwah.

13. Mangkono anggone padha nyingkur Sang Yehuwah, sarta Baal tuwin Asytoret padha disembah.

14. Temah bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, mulane padha diulungake marang ing tanganing rampog sarta dipasrahake marang pamengkune para mungsuhe ing sakubenge, temah padha ora bisa nanggulangi mungsuhe mau.

15. Menyanga ngendi bae pangluruge padha dilawan dening astane Sang Yehuwah, temah nemu tiwas, ngetrepi apa kang kadhawuhake dening Sang Yehuwah kalawan supaos, temahan padha banget susahe.

16. Ing kono Sang Yehuwah banjur njumenengake hakim; kang padha ngluwari saka ing tanganing rampog.

17. Nanging para hakim mau uga padha ora dipreduli, awit padha bebedhangan ngetutake allah liya-liyane klawan padha disujudi. Wong Banisrael padha nyimpang saka ing dalan ambah-ambahane para leluhure kang padha ngestokake ing pepakone Sang Yehuwah, sarta padha nglakoni kang ora pantes.

18. Saben-saben manawa Sang Yehuwah njumenengake hakim ana ing antarane, Sang Yehuwah banjur nunggil karo hakim itu sarta ngluwari umate saka ing tanganing mungsuhe, salawase sugenge hakim mau, amarga Sang Yehuwah welas midhangetake pasambate, kang awit saka wong kang padha gawe rupeke lan nindhes.

19. Nanging manawa hakim iku seda, tumuli padha tumindak ala maneh, luwih ala katimbang karo leluhure, padha manut allah liya-liyane klawan padha dibekteni lan disujudi; padha ora ngunduri pisan-pisan pratingkah lan lakune kang ndlarung iku.

20. Manawa bebendune Sang Yehuwah mulad-mulad marang wong Israel, pangandikane mangkene: “Sarehne bangsa iki nerak prasetyaningSun, kang wus Sundhawuhake marang para leluhure, lan padha ora nggatekake marang dhawuhingSun,

maca bab lengkap Para Hakim 2