Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 2:1-2 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Malaekating Yehuwah nuli tindak saka ing Gilgal menyang ing Bokhim sarta ngandika: “Ingsun wus ngirid lakunira metu saka ing tanah Mesir, lan sira padha Sunlebokake ing tanah kang wus Sunprasetyakake kanthi supaos marang para leluhurira klawan pangandika: Ingsun ora bakal nyandekake prasetyaningSun klawan sira ing salawas-lawase,

2. nanging sira iku aja gawe prajanjian karo wong ing tanah kene, misbyahe malah bubrahana. Nanging sira padha ora ngestokake marang dhawuhingSun. Kapriye dene sira kok padha mangkono?

maca bab lengkap Para Hakim 2