Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 17:9-11 Kitab Sutji (JAV)

9. Tumuli diaruh-aruhi dening Mikah mau: “Panjenengan saking pundi?” Wangsulane: “Kula punika tiyang Lewi saking Betlehem-Yehuda, kula kekesahan badhe neneka wonten ing pundi kemawon uger angsal panggenan.”

10. Celathune Mikha marang wong mau: “Sumangga panjenengan kula aturi dedalem nunggil kaliyan kula, badhe kula anggep bapa saha imam kula, saben taun panjenengan badhe kula caosi arta selaka sadasa, pangageman sapangadeg saha dhahar.”

11. Wong Lewi mau nyarujuki tetep manggon tetunggalan karo wong mau. Wong nom mau diangggep kaya salah sawijining anake dhewe.

maca bab lengkap Para Hakim 17