Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 17:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing pagunungan Efraim ana sawijining wong, jenenge Mikha.

2. Dheweke matur marang ibune: “Artanipun selaka ibu, sewu satus ingkang ical kapendhet ing tiyang, ngantos panjenengan ngucapaken supaos -- kula piyambak mireng pangandika panjenengan -- punika wonten ing kula, kula ingkang mendhet.” Wangsulane ibune: “Kaberkahana anakku dening Pangeran Yehuwah.”

3. Sawuse iku dhuwit selaka sewu satus iku tumuli dibalekake marang ibune. Nanging ibune ngandika: “Dhuwit iku daksengker konjuk marang Sang Yehuwah, dakpasrahake marang anakku, supaya ditanjakna kanggo gawe reca ukir-ukiran lan reca cor-coran. Mulane saiki dhuwit iku dakbalekake marang kowe.”

4. Nanging dhuwit iku dibalekake marang ibune, wong wadon iku nuli njupuk dhuwite selaka rong atus lan kawenehake marang tukang selaka; dhuwit iku kagawe reca ukir-ukiran lan cor-coran kang banjur diprenahake ana ing omahe Mikha.

5. Mikha iku duwe omah brahala. Banjur digawekake efod lan terafim; salah sawijining anake lanang didadekake imam.

6. Ing nalika samana ing Israel ora ana ratune, angger wong nindakake apa kang dianggep bener miturut wawasane.

7. Ana sawijining wong anom saka ing Betlehem-Yehuda, saka taler Yehuda; dheweke kalebu wong Lewi lan manggon ana ing kono dadi wong neneka.

maca bab lengkap Para Hakim 17