Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 16:17-30 Kitab Sutji (JAV)

17. Sang Simson satemah banjur nglairake isining panggalihe kabeh marang Dhelila, mangkene pangandikane: “Sirahku durung tau kagepok ing lading panyukuran, amarga aku iki wiwit ana ing guwa-garbaning ibuku dadi nazir sengkerane Gusti Allah; mulane manawa aku kacukur mesthi koncatan karosanku temah dadi apes, lumrah padha kaya wong liya-liyane.”

18. Bareng Dhelila ngreti, yen Sang Simson wus nglairake isining panggalihe kabeh marang dheweke, banjur kongkonan ngaturi para panggedhening wong Filisti, kanthi matur mangkene: “Sapisan punika sumangga panjenengan sami kula aturi rawuh, amargi Simson sampun nglairaken isining manahipun sadaya dhateng kula.” Para panggedhening wong Filisti tumuli ngrawuhi Dhelila klawan ngasta dhuwite.

19. Dhelila banjur ngarih-arih Simson sare ana ing pangkone sarta nuli nekakake wong kang dikon marasi remane klabangan pitu pisan, temah Sang Simson banjur wiwit kena kawasesa dening wong wadon mau, amarga wus koncatan ing karosane.

20. Dhelila tumuli nguwuh-uwuh: “Kangmas Simson, tiyang Filisti sami nggropyok panjenengan!” Sang Simson wungu saka anggone sare banjur ngandika: “Aku iki bakal bisa uwal maneh kaya sing uwis-uwis lan bakal mbedhal.” Nanging ora rumaos, yen wus katilar dening Sang Yehuwah.

21. Tumuli dicekel dening wong Filisti, tingale karo pisan dicuplaki, banjur didhabyang menyang ing Gaza, kabesta nganggo rante tembaga sarta kabubuhan pagawean nggiling ana ing pakunjaran.

22. Nanging remane, sawuse kaparas, nuli wiwit thukul maneh.

23. Sawuse iku para panggedhene wong Filisti padha nglempak arep nyajekake kurban sembelehan gedhe marang Dagon, allahe sarta sukan-sukan, pangandikane:“Allah kita wis ngulungake mungsuh kitaSimson marang ing tangan kita.”

24. Sarta maneh bareng wong akeh ndeleng Simson, banjur padha memuji marang allahe, klawan padha ngucap:“Mungsuh kitakang ngrusak tanah kita,lan gawe patine kanca akehwis diulungake dening allah kitamarang ing tangan kita.”

25. Nalika lagi padha seneng-seneng mangkono iku, banjur padha celathu: “Si Simson undangen, cikben gawe seneng kita!” Sang Simson banjur diwedalake saka ing pakunjaran, lan digawe geguyon ana ing ngarepe wong-wong mau, nuli diaturi jumeneng ana ing antarane saka-saka.

26. Sang Simson tumuli ngandika marang bocah kang nuntun astane: “Aku eculna sedhela, kareben aku ngemek-ngemek saka-saka guruning omah iki, supaya aku bisa sendhenan!”

27. Anadene gedhung iku kebak wong lanang lan wadon, dalah sakehing panggedhene wong Filisti uga ana ing kono, sarta ing payon ana wonge lanang lan wadon watara telung ewu, padha nonton anggone Simson kagawe geguyon.

28. Sang Simson banjur sesambat marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Dhuh Pangeran Yehuwah, Paduka mugi karsaa ngengeti kawula, saha kawula mugi Paduka kiyataken namung sepisan punika kemawon, dhuh Gusti Allah, supados kawula sageda nandukaken piwales dhateng tiyang Filisti, jalaran saking icalipun mripat kawula kalih punika.”

29. Sang Simson tumuli ngrangkul saka-guru loro kang ana ing tengah dhewe kang kanggo nyangga omah iku, kang siji karo astane tengen lan sijine karo astane kiwa.

30. Pangandikane Sang Simson: “Pecata nyawaku bareng karo wong Filisti iki!” Banjur tumelung klawan ngetog karosane, temahan omahe ambruk ngebruki para panggedhe lan sakehe wong kang ana ing jerone. Olehe pepati nalika sedane iku kehe ngungkuli kang pinatenan nalika isih sugeng.

maca bab lengkap Para Hakim 16