5. Amarga kowe bakal ngandhut lan duwe anak lanang; iku sirahe ora kena kagepok ing lading panyukuran, awit bocah iku wiwit ana ing guwa-garbane ibune bakal dadi nazir sengkerane Gusti Allah, sarta bakal miwiti ngluwari Israel saka ing tangane wong Filisti.”
6. Wong wadon mau banjur lumebu sarta kandha marang kang lanang tembunge: “Kala wau wonten abdinipun Gusti Allah manggihi kula, pasemonipun memper malaekatipun Gusti Allah, ngajrih-ajrihi sanget. Kula boten matur pitaken pinangkanipun, saha kula boten dipun paringi sumerep asmanipun.
7. Nanging pangandikanipun dhateng kula: Lah sira bakal ngandhut lan duwe anak lanang; mulane sira aja ngombe anggur utawa sadhengaha kang mendemi lan aja mangan apa-apa kang karam, amarga bocah iku bakal dadi nazir sengkeraning Allah wiwit ana ing guwa-garbane ibune nganti tumeka ing dinaning patine.”
8. Pak Manoakh tumuli nyenyuwun marang Sang Yehuwah unjuke: “Dhuh Pangeran, kawula nyuwun mugi abdinipun Gusti Allah utusan Paduka punika wau manggihana kawula kekalih sarta mulanga dhateng kawula punapa ingkang perlu kawula lampahi tumrap lare ingkang badhe lair punika.”