Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 13:21-25 Kitab Sutji (JAV)

21. Wiwit ing wektu iku Malaekate Sang Yehuwah wus ora ngatingal maneh marang Pak Manoakh lan somahe. Ing kono Pak Manoakh mangreti yen iku Sang Malaekate Pangeran Yehuwah,

22. Pak Manoakh banjur kandha marang somahe: “Mesthi aku lan kowe bakal padha mati, amarga wus padha ndeleng marang Gusti Allah.”

23. Nanging somahe mangsuli: “Saupami sang Yehuwah karsa ngganjar pejah dhateng kita,mesthi boten ngantos nampeni kurban obaran saha kurban dhaharan saking tangan kita, sarta kita boten dipun tedahi punika wau sadaya, saha boten dipun pirengi ingkang kados makaten ing wekdal sapunika.”

24. Sawuse mangkono wong wadon mau nglairake anak lanang, kang dijenengake: Simson. Bocahe mundhak-mundhak gedhene lan diberkahi dening Sang Yehuwah.

25. Atine tumuli wiwit diobahake dening Rohe Sang Yehuwah ana ing Mahane-Dhan kang dumunung ing antarane Zora lan Esytaol.

maca bab lengkap Para Hakim 13