Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 13:19-23 Kitab Sutji (JAV)

19. Pak manoakh banjur njupuk cempe karo kurbane dhaharan, disaosake marang Sang Yehuwah katumpangake ing watu. panjenengane tumuli nindakake kaelokan kang kadeleng Manoakh lan somahe.

20. Bareng karo urubing geni kang muluk saka ing misbyah menyang ing langit, Malaekate Sang Yehuwah sumengka menyang ing ngaluhur ana ing sajroning urube geni misbyah mau. Bareng Pak Manoakh lan somahe padha ndeleng kang mangkono iku, nuli padha sumungkem raine konjem ing bumi.

21. Wiwit ing wektu iku Malaekate Sang Yehuwah wus ora ngatingal maneh marang Pak Manoakh lan somahe. Ing kono Pak Manoakh mangreti yen iku Sang Malaekate Pangeran Yehuwah,

22. Pak Manoakh banjur kandha marang somahe: “Mesthi aku lan kowe bakal padha mati, amarga wus padha ndeleng marang Gusti Allah.”

23. Nanging somahe mangsuli: “Saupami sang Yehuwah karsa ngganjar pejah dhateng kita,mesthi boten ngantos nampeni kurban obaran saha kurban dhaharan saking tangan kita, sarta kita boten dipun tedahi punika wau sadaya, saha boten dipun pirengi ingkang kados makaten ing wekdal sapunika.”

maca bab lengkap Para Hakim 13