Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 13:12-23 Kitab Sutji (JAV)

12. Pak Manoakh banjur matur: “Benjing manawi pangandika Paduka punika kalampahan, kados pundi mangke caranipun gesang lare punika saha solah tingkahipun?”

13. Paring wangsulane Malaekate Sang Yehuwah marang Pak Manoakh: “Kabeh kang wus Sunpangandikakake marang wong wadon iku, kudu disirik.

14. Aja mangan apa-apa kang asale saka wit anggur; anggur lan samubarang kang mendemi ora kena diombe lan aja mangan sadhengaha kang karam. Apa kang wus kaprentahake marang dheweke iku katetepana kabeh.”

15. Pak Manoakh banjur munjuk marang Malaekate Sang Yehuwah: “Mugi kawula sami kelilana ngaturi kendel dhumateng Paduka wonten ing ngriki, kawula badhe ngolahaken cempe kagem Paduka.”

16. Nanging wangsulane Malaekate Sang Yehuwah marang Pak Manoakh: “Sanadyan Ingsun sira aturi kendel, sesaosanira bakal ora Sundhahar. Dene manawa sira arep olah iku kanggo kurban obaran, iku saosna marang Sang Yehuwah.” Mulane mangkono sabab Manoakh ora sumurup, manawa Panjenengane iku Malaekate Sang Yehuwah.

17. Pak Manoakh tumuli matur marang Malaekate Sang Yehuwah: “Asma Paduka punika sinten, supados kawula sageda ngluhuraken Paduka, manawi pangandika Paduka punika kalampahan.”

18. Nanging Malaekate Sang Yehuwah tumuli ngandika marang Manoakh: “Yagene sira takon asmaningSun? Asma iku rak elok?”

19. Pak manoakh banjur njupuk cempe karo kurbane dhaharan, disaosake marang Sang Yehuwah katumpangake ing watu. panjenengane tumuli nindakake kaelokan kang kadeleng Manoakh lan somahe.

20. Bareng karo urubing geni kang muluk saka ing misbyah menyang ing langit, Malaekate Sang Yehuwah sumengka menyang ing ngaluhur ana ing sajroning urube geni misbyah mau. Bareng Pak Manoakh lan somahe padha ndeleng kang mangkono iku, nuli padha sumungkem raine konjem ing bumi.

21. Wiwit ing wektu iku Malaekate Sang Yehuwah wus ora ngatingal maneh marang Pak Manoakh lan somahe. Ing kono Pak Manoakh mangreti yen iku Sang Malaekate Pangeran Yehuwah,

22. Pak Manoakh banjur kandha marang somahe: “Mesthi aku lan kowe bakal padha mati, amarga wus padha ndeleng marang Gusti Allah.”

23. Nanging somahe mangsuli: “Saupami sang Yehuwah karsa ngganjar pejah dhateng kita,mesthi boten ngantos nampeni kurban obaran saha kurban dhaharan saking tangan kita, sarta kita boten dipun tedahi punika wau sadaya, saha boten dipun pirengi ingkang kados makaten ing wekdal sapunika.”

maca bab lengkap Para Hakim 13