Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 11:33-40 Kitab Sutji (JAV)

33. Mungsuhe padha kagecak kang luwih banget wiwit ing Aroer nganti tutug ing sacedhake Minit, -- kuthane kehe rong puluh -- malah ngnati tutug ing Abel-Keramim. Kaya mangkono bani Amon padha diesorake ana ing ngarepane wong Israel.

34. Sarawuhe Sang Yefta ana ing Mizpa nyelaki daleme, putrane putri medal methukake klawan tetrebangan lan beksa. Dene putrane iku ontang-anting; ora ana maneh putrane kang liya kakung utawa putri.

35. Bareng mirsani putrane mau, banjur nyuwek pangagemane sarta ngandika: “Adhuh lae anakku, engger, atiku remuk rempu marga saka kowe, dene kok kowe iku kang nekakake bilai marang aku; lah aku wus duwe ujar marang Sang Yehuwah lan ora kena dakselaki.”

36. Ature kang putra marang Sang Yefta: “Dhuh, rama, manawi panjenengan sampun nglairaken nadar konjuk dhumateng Sang Yehuwah, inggih sumangga kula panjenengan punapakaken kemawon, ingkang laras kaliyan nadar panjenengan punika, amargi Sang Yehuwah sampun malesaken panjenengan ing sakatogipun dhateng mengsah panjenengan, bani Amon.”

37. Sarta maneh ature marang kang rama: “Kula mugi kelilana nglampahi saprakawis punika: mugi panjenengan paringi inah kalih wulan, supados kula sageda kesah dhateng pareden kaliyan mitra-mitra kula estri prelu badhe nangisi anggen kula dados prawan.”

38. Wangsulane Sang Yefta: “Iya mangkata!” Banjur diparingi inah rong sasi; kang putra tumuli tindak karo mitra-mitrane wadon menyang ing pagunungan muwuni anggone dadi prawan.

39. Sawuse rong sasi banjur kondur menyang ing daleme kang rama, dene kang rama tumuli ngluwari nadare kang wus dilairake tumrap kang putra mau; kang putra mau dadine ora nglakoni krama. Lan iku dadi adat ing Israel:

40. Para prawan ing Israel saben taun padha lunga nangisi putrane Sang Yefta, wong Gilead, lawase patang dina sajroning sataun.

maca bab lengkap Para Hakim 11