Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 11:30-38 Kitab Sutji (JAV)

30. Sang Yefta tumuli nglairake nadar marang Pangeran Yehuwah, unjuke: “Manawi saestu Paduka ngulungaken tiyang bani Amon dhateng ing tangan kawula,

31. punapa kemawon ingkang medal rumiyin saking korinipun griya kawula, methukaken kawula, samangsa kawula mantuk klayan wilujeng saking ngajengipun tiyang bani Amon, punika badhe dados sesengkeranipun Sang Yehuwah, badhe kawula saosaken dados kurban obaran.”

32. Sang Yefta tumuli nglajengake tindake nglurug nglawan bani Amon, lan iku banjur padha diulungake ing astane dening Sang Yehuwah.

33. Mungsuhe padha kagecak kang luwih banget wiwit ing Aroer nganti tutug ing sacedhake Minit, -- kuthane kehe rong puluh -- malah ngnati tutug ing Abel-Keramim. Kaya mangkono bani Amon padha diesorake ana ing ngarepane wong Israel.

34. Sarawuhe Sang Yefta ana ing Mizpa nyelaki daleme, putrane putri medal methukake klawan tetrebangan lan beksa. Dene putrane iku ontang-anting; ora ana maneh putrane kang liya kakung utawa putri.

35. Bareng mirsani putrane mau, banjur nyuwek pangagemane sarta ngandika: “Adhuh lae anakku, engger, atiku remuk rempu marga saka kowe, dene kok kowe iku kang nekakake bilai marang aku; lah aku wus duwe ujar marang Sang Yehuwah lan ora kena dakselaki.”

36. Ature kang putra marang Sang Yefta: “Dhuh, rama, manawi panjenengan sampun nglairaken nadar konjuk dhumateng Sang Yehuwah, inggih sumangga kula panjenengan punapakaken kemawon, ingkang laras kaliyan nadar panjenengan punika, amargi Sang Yehuwah sampun malesaken panjenengan ing sakatogipun dhateng mengsah panjenengan, bani Amon.”

37. Sarta maneh ature marang kang rama: “Kula mugi kelilana nglampahi saprakawis punika: mugi panjenengan paringi inah kalih wulan, supados kula sageda kesah dhateng pareden kaliyan mitra-mitra kula estri prelu badhe nangisi anggen kula dados prawan.”

38. Wangsulane Sang Yefta: “Iya mangkata!” Banjur diparingi inah rong sasi; kang putra tumuli tindak karo mitra-mitrane wadon menyang ing pagunungan muwuni anggone dadi prawan.

maca bab lengkap Para Hakim 11