Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 1:25-34 Kitab Sutji (JAV)

25. Sawuse dituduhake dalane lumebu menyang kutha, saisining kutha tumuli ditumpes klawan landheping pedhang, nanging wong siji mau dililani lunga sakulawargane.

26. Wong iku banjur menyang ing tanahe bangsa Het, ana ing kono yasa kutha, kang diarani Lus. Mangkono arane kutha iku tetep nganti saprene.

27. Taler Manasye ora nundhungi wong ing Bet-Sean sawewengkone, wong ing Taanakh sawewengkone, wong ing Dhor sawewengkone, wong ing Yibleam sawewengkone tuwin wong ing Megidho sawewengkone, amarga wong Kanaan meksa padha nekad manggon ana ing tanah kono.

28. Bareng wong Israel wiwit kuwasa, wong Kanaan mau padha didadekake wong nyangga karya, nanging ora padha ditundhungi babar pisan.

29. Taler Efraim uga ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan mau padha lestari manggon ana ing satengahe ana ing Gezer.

30. Taler Zebulon ora nundhungi wong ing Kitron lan ing Nahalol, dadine wong Kanaan mau padha lestari manggon ana ing satengahe, sanajan padha didadekake wong nyangga karya.

31. Taler Asyer ora nundhungi wong ing Ako, mangkono uga wong ing Sidon, ing Ahlab, ing Akhzib, Khelba, Afik, lan ing Rehob.

32. Dadine wong Asyer iku padha manggon ing satengahe wong Kanaan, pendhudhuk asli ing nagara kono, amarga padha ora ditundhungi.

33. Taler Naftali ora nundhungi wong ing Bet-Semes lan ing Bet-Anat, dadine padha manggon ana ing satengahe wong Kanaan, pendhudhuk asli ing nagara kono, nanging wong ing Bet-Semes lan ing Bet-Anat padha didadekake wong nyangga karya.

34. Wong bani Dhan padha kaendhih menyang ing pagunungan dening wong Amori, lan padha dialang-alangi anggone arep mudhun menyang ing lebak.

maca bab lengkap Para Hakim 1