Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Para Hakim 1:12-26 Kitab Sutji (JAV)

12. Ana pangandikane Rama Kaleb mangkene: “Sing sapa bisa ngalahake Kiryat-Sefer, nganti bisa bedhah, bakal daktrimani anakku wadon Akhsa dadi bojone.”

13. Lan kutha mau tumuli dibedhah dening Sang Otniel, putrane Sang Kenas, rayine Rama Kaleb, banjur iya ditrimani Ibu Akhsa, putrine mau, dadi garwane.

14. Nalika Ibu Akhsa mau kapanggihake tumuli ngojok-ojoki kang kakung supaya nyuwun pategalan marang kang rama. Ibu Akhsa banjur mandhap saka ing kuldine. Pandangune Rama Kaleb: “Ana apa?”

15. Atur wangsulane ibu Akhsa: “Kula mugi panjenengan paringi ganjaran, sarehning kula panjenengan paringi siti cengkar, mugi ugi kaparingana sumber.” Tumuli diparingi sumber dening Rama Kaleb kang ana ing tenggeran lan kang ana ing ledhokan.

16. Turune Hobab, ipene Nabi Musa, wong Keni, uga padha melu nglurug saka ing kutha Wit Kurma mbiyantu perange bani Yehuda menyang ing ara-ara samun ing tanah Yehuda ing Tanah Negeb sacedhake Arad; banjur padha manggon ana ing antarane wong kono.

17. Yehuda banjur mbiyantu pangluruge Simeon, sadulure, sarta padha ngesorake wong Kanaan, pendhudhuk ing Zefat, kutha iku katumpes. Mulane kutha mau banjur dielih arane: Horma.

18. Sabanjure taler Yehuda ngrebut kutha Gaza sawewengkone lan Askelon sawewengkone, apadene Ekron sawewengkone.

19. Lan Pangeran Yehuwah nunggil karo taler Yehuda, temah banjur ngejegi pagunungan iku; nanging ora bisa nundhungi wong ing Lebak, amarga iku padha duwe kreta-perang wesi.

20. Hebron iku wus kaparingke marang Rama Kaleb kayadene kang biyen wus kadhawuhake Nabi Musa. Rama kaleb banjur nundhungi turune Enak tetelu saka ing kono.

21. Nanging wong Yebus, kang manggon ana ing Yerusalem ora ditundhung dening bani Benyamin, dadine wong Yebus iku isih padha manggon awor karo bani Benyamin ana ing Yerusalem nganti saprene.

22. Turune Sang Adipati Yusup iya padha mangsah nempuh Betel lan Sang Yehuwah nunggil karo wong-wong iku.

23. Turune Sang Adipati Yusup padha nglakokake telik menyang ing Betel -- kutha iku maune aran Lus --.

24. Bareng telik mau padha ndeleng wong siji kang metu saka ing kutha, banjur celathu: “Aku tulungana, tuduhna dalane lumebu menyang kutha, nuli kowe bakal dakanggep kaya mitra!”

25. Sawuse dituduhake dalane lumebu menyang kutha, saisining kutha tumuli ditumpes klawan landheping pedhang, nanging wong siji mau dililani lunga sakulawargane.

26. Wong iku banjur menyang ing tanahe bangsa Het, ana ing kono yasa kutha, kang diarani Lus. Mangkono arane kutha iku tetep nganti saprene.

maca bab lengkap Para Hakim 1