Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 9:24-34 Kitab Sutji (JAV)

24. Udan es mau kaworan geni kang pating cleret ana ing satengahe udan es iku, nggegirisi banget, ing saindenge nagarane wong Mesir kabeh durung tau kelakon kang kaya mangkono iku, wiwit wong-wong mau padha dadi bangsa.

25. Udan es mau ngrusak samubarang kang ana ing ara-ara, ing sawratane tanah Mesir, iya manungsa iya kewan, mangkono uga ngrusak sawarnane tanem-tuwuh kang ana ing ara-ara lan ngesolake sakehe wit-witan.

26. Mung ing tanah Gosyen, panggonane wong Israel, ora ana udan es.

27. Sang Prabu Pringon banjur utusan nimbali Nabi Musa lan Rama Harun padha dipangandikani: “Sapisan iki Ingsun kaluputan, Pangeran Yehuwah kang leres, nanging ingsun lan para kawulaningsun kang padha luput.

28. Padha nyenyuwuna marang Pangeran Yehuwah, gludhuge Gusti Allah lan udan es iku wus cukup, ingsun bakal nglilani sira padha lunga, wus ora prelu sira kesuwen ana ing kene maneh.”

29. Ature Nabi Musa: “Mangke samedal kawula dhateng sajawining nagari, kawula badhe ngegaraken tangan kawula konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhugipun badhe kendel sarta jawahipun es temtu lajeng terang, supados panjenengan dalem mirsaa, bilih bumi punika kagunganipun Pangeran Yehuwah.

30. Nanging menggah panjenengan dalem saha para abdi dalem, kawula sumerep taksih dereng sami ajrih dhateng Pangeran Yehuwah Allah.”

31. -- Anadene kang rusak iku tanduran rami lan sair, marga saire lagi metu wulene, lan ramine mbeneri kembang.

32. Nanging mungguh gandum lan juwawut iku ora nganti rusak, marga durung tumeka ing titi mangsane. --

33. Nabi Musa tumuli mundur saka ing ngarsane Sang Prabu Pringon, sawetune saka ing nagara banjur ngegarake astane konjuk ing Pangeran Yehuwah, gludhug lan udan es nuli leren, sarta udan wus ora gumrojog ing bumi maneh.

34. Bareng Sang Prabu Pringon mirsa, yen udan, udan es lan gludhug wus padha leren, tumuli nerusake anggone damel dosa, sarta mangkotake panggalihe, iya panjenengane iya para abdine.

maca bab lengkap Pangentasan 9