Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 9:2-9 Kitab Sutji (JAV)

2. Margi saupami panjenengan dalem boten karsa nglilani kesahipun, sarta taksih panjenengan dalem kekahi kemawon,

3. lah astanipun Pangeran Yehuwah badhe ndhatengaken pageblug ingkang ageng sanget dhateng kagungan dalem kewan ingkang wonten ing pangenan, kapal, kuldi, unta, lembu saha menda.

4. Salajengipun Pangeran Yehuwah badhe mbedakaken kewan gadhahanipun tiyang Israel kaliyan kewanipun tiyang Mesir, temah kewanipun tiyang Israel boten wonten satunggal-tunggala ingkang pejah.”

5. Anadene Pangeran Yehuwah nemtokake wektune, pangandikane: “Sesuk anggone Pangeran Yehuwah bakal nindakake prakara iku ana ing nagara kene.”

6. Bareng esuke Pangeran Yehuwah nindakake bab iku mau, kewane wong Mesir padha mati kabeh, nanging kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia.

7. Sang Prabu Pringon utusan mrana, lan nyata kewane wong Israel ora ana kang mati siji-sijia. Ewasamono Sang Prabu Pringon tetep wangkot lan ora karsa nglilani lungane bangsa mau.

8. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun: “Sira padha njupuka angus ing pawon paleburan sagegem kebak, lan Musa banjur nyawurna angus mau ing awang-awang ana ing ngarepe Pringon.

9. Angus iku bakal malih dadi bledug lembut nyrambahi satanah Mesir kabeh, iku bakal njalari anane memala wudun kang mecah dadi koreng, ngenani manungsa lan kewan ing sawratane tanah Mesir.”

maca bab lengkap Pangentasan 9