Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 9:18-26 Kitab Sutji (JAV)

18. Lah sesuk watara wayah mangkene Ingsun bakal ndhatengake udan es kang deres banget, kang durung tau kelakon wiwit madege Mesir nganti saprene.

19. Kang iku kewan-kewanira lan sabarang darbekira kang ana ing ara-ara, padha sira gawanana menyang panggonan kang njalari slamete; sakehe manungsa lan kewan, kang ana ing ara-ara kang ora nglumpuk ana ngomah, bakal katiban udan es iku, satemah bakal padha mati.”

20. Para abdine Sang Prabu Pringon kang rumangsa wedi marang pangandikaning Sang Yehuwah, iku nuli padha akon batur-bature lan kewane mlebu ngomah.

21. Balik kang ora maelu marang dhawuhe Pangeran Yehuwah, padha ngetogake bae batur-bature lan kewane ana ing ara-ara.

22. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Tanganira athungna marang langit, nuli bakal ana udan es tumurun saka ing langit mratani satanah Mesir kabeh, ngenani manungsa, kewan lan tetuwuhan ing ara-ara ing tanah Mesir.”

23. Nabi Musa tumuli ngathungake tekene marang langit, Pangeran Yehuwah tumuli ndhatengake gludhug lan udan es, sarta ana geni kang nyamber-nyamber marang bumi. Pangeran Yehuwah anggone nurunake udan es mau mratani satanah Mesir.

24. Udan es mau kaworan geni kang pating cleret ana ing satengahe udan es iku, nggegirisi banget, ing saindenge nagarane wong Mesir kabeh durung tau kelakon kang kaya mangkono iku, wiwit wong-wong mau padha dadi bangsa.

25. Udan es mau ngrusak samubarang kang ana ing ara-ara, ing sawratane tanah Mesir, iya manungsa iya kewan, mangkono uga ngrusak sawarnane tanem-tuwuh kang ana ing ara-ara lan ngesolake sakehe wit-witan.

26. Mung ing tanah Gosyen, panggonane wong Israel, ora ana udan es.

maca bab lengkap Pangentasan 9