Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 6:12-19 Kitab Sutji (JAV)

12. Ing kono Pangeran Yehuwah banjur dhawuh marang Nabi Musa lan Rama Harun, supaya nemoni wong Israel lan sowan Sang Prabu Pringon, raja ing Mesir, murih wong Israel iku padha diirid metu saka ing Mesir.

13. Iki pratelane para lajering kula-wargane. Anak-anake Ruben, pambajenge Rama Israel: Henokh, Palu, Hezron lan Karmi; iya iku gotrah-gotrahe Ruben.

14. Anak-anake Simeon: Yemuel, Yamin. Ohad, Yakhin, Zohar lan Saul, anake wadon bangsa Kanaan, iku gotrah-gotrahe Simeon.

15. Anak-anake Lewi, miturut urut-urutane laire: Gerson, Kehat lan Merari. Lewi umure satus telung puluh pitu taun.

16. Anak-anake Gerson: Libni lan Simei, miturut gotrahe.

17. Anak-anake Kehat: Amram, Yizhar, Hebron lan Uziel. Umure Kehat satus telung puluh telu taun.

18. Anak-anake Merari: Makhli lan Musi. Iya iku gotrah-gotrahe Lewi miturut urut-urutane.

19. Amram omah-omah karo Yokhebed, adhine bapakne, iku mbabar Rama Harun lan Nabi Musa. Umure Amram nyandhak satus telung puluh pitu taun.

maca bab lengkap Pangentasan 6