Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 6:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Sabanjure Gusti Allah ngandika marang Nabi Musa mangkene: “Ingsun iki Yehuwah.

2. Ingsun wus ngatingal marang Abraham, Iskak lan Yakub, dadi Allah kang Mahakuwasa, nanging asmaningSun Yehuwah durung Sunsumurupake.

3. Karodene Ingsun ora mung damel prasetyan karo leluhurira iku, yen bakal Sunparingi tanah Kanaan, tanah panggonane neneka,

4. nanging Ingsun wus mireng uga bab wong-wong Israel anggone ditindhes dening wong Mesir, lan Ingsun enget marang prasetyaningSun.

5. Kang iku sira tutura marang wong Israel: Ingsun iki Yehuwah, Ingsun bakal ngluwari sira saka pagawean-peksane wong Mesir, lan nguwalake sira saka anggonira dikawulakake lan ngentasake sira klawan asta kang Sunacungake, apadene kalawan paukuman-paukuman kang abot.

6. Sira bakal Sunpundhut dadi umatingSun lan Ingsun bakal jumeneng dadi Allahira, supaya sira padha sumurup, yen Ingsun iki Yehuwah Allahira, kang nguwalake sira saka pagawean-peksane wong Mesir.

7. Karodene sira bakal Sunirid menyang ing nagara kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos, yen bakal Sunparingake marang Abraham, Iskak lan Yakub, sarta iku bakal Sunparingake marang sira dadi darbekira; Ingsun iki Yehuwah!”

8. Nabi Musa banjur ngandika mangkono mau marang wong Israel, nanging padha ora ngrungokake marang pangandikane Nabi Musa, marga wus padha semplah jalaran saka pangawulan kang banget abote iku.

9. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa:

10. “Sira sebaa lan matura marang Pringon, raja ing Mesir, supaya nglilanana wong Israel metu saka ing nagarane.”

maca bab lengkap Pangentasan 6