Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 4:16-31 Kitab Sutji (JAV)

16. Harun iku kang bakal makili sira mituturi bangsa iku, kalawan mangkono Harun iku minangka cangkemira lan sira kaya kang dadi Allahe.

17. Anadene teken iku sira gawaa, iku minangka sarana anggonira nindakake pratandha-pratandha mau.”

18. Sang Musa tumuli wangsul manggihi Imam Yitro marasepuhe, sarta ature: “Kula kalilana wangsul manggihi sanak-kadang kula ingkang wonten Mesir, badhe kula tuweni, punapa taksih sami gesang?” Wangsulane Imam Yitro: “Iya becik mangkata kalawan tentrem!”

19. Anadene Pangeran Yehuwah iya wus ngandika marang Sang Musa ana ing tanah Midian: “Sira balia menyang Mesir, awitdene sakehe wong kang nedya mateni sira iku wus padha mati.”

20. Sang Musa banjur ngajak garwane lan putra-putrane, padha katunggangake ing kuldi wangsul menyang ing tanah Mesir; lan tekene Gusti Allah iku diasta.

21. Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.

22. Sira kudu matur marang Pringon: Dhawuhipun Pangeran Yehuwah makaten: Israel iku putraningSun, iya putraningSun pambajeng;

23. kang iku Ingsun dhawuh marang sira: PutraningSun iku sira lilanana lunga supaya ngabekti marang Ingsun; dene manawa sira ora nglilani lungane, lah Ingsun bakal mateni anakira, anakira pambarep.”

24. Kacarita bareng ana ing dalan ana ing panginepan, Sang Musa tumuli dipanggihi dening Pangeran Yehuwah bakal disedani.

25. Ibu Zipora banjur mundhut lading watu, sarta ngiris ikute kang putra, irisan iku nuli kasenggolake ing sampeyane Sang Musa karo matur: “Saestu panjenengan punika panganten rah tumrap kula.”

26. Sang Musa banjur ora dikapak-kapakake dening Pangeran Yehuwah. Mungguh Ibu Zipora anggone nalika iku nyebut “panganten rah” iku awit saka prakara tetak mau.

27. Anadene Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Rama Harun, mangkene: “Sira methukna Musa menyang ing pasamunan.” Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras.

28. Sang Musa tumuli ngaturi uninga marang Rama Harun bab sakehe pangandikaning Yehuwah kang wus diwelingake lan sakehe pratandha kang wus kadhawuhake supaya ditindakake.

29. Sang Musa lan Rama Harun banjur tindak sarta nglempakake sakehe tuwa-tuwane Israel.

30. Rama Harun tumuli nglairake sakehe pangandika kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah marang Sang Musa, sarta nindakake pratandha-pratandha ana ing ngarepe bangsa iku.

31. Bangsa mau banjur ngandel, sarta bareng krungu yen Pangeran Yehuwah wus nuweni marang wong Israel lan wus mirsani ing kasangsarane, temah padha jengkeng sujud.

maca bab lengkap Pangentasan 4