Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 4:10-22 Kitab Sutji (JAV)

10. Unjuke Sang Musa marang Pangeran Yehuwah: “Dhuh Pangeran, kawula punika boten saged rembagan, wiwit rumiyin mila, wiwit Paduka mangandikani, inggih sanes ahli micara, margi gineman kawula alot saha ilat kawula kaken.”

11. Nanging Sang Yehuwah ngandika: “Sapa kang nitahake ilate manungsa, lan sapa kang nitahake wong bisu utawa budheg, wong melek utawa wong wuta? Apa dudu Ingsun, Yehuwah?

12. Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngereh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake.”

13. Ewadene unjuke Sang Musa: “Dhuh Pangeran, mugi Paduka karsaa utusan sinten kemawon ingkang pantes Paduka utus!”

14. Ing kono tuwuh dukane Pangeran Yehuwah marang Sang Musa, pangandikane: “Apa Harun kakangira wong Lewi iku ora ana ing kana? Ingsun mirsa, yen iku wasis micara, malah wus mangkat methuk sira, lan samangsa ketemu klawan sira, bakal bungah atine.

15. Harun iku sira tuturana lan tembung-tembung mau dokoken ing cangkeme, dene Ingsun kang bakal ngereh cangkemira lan cangkeme Harun, sarta sira bakal Sunwulang apa kang perlu sira lakoni.

16. Harun iku kang bakal makili sira mituturi bangsa iku, kalawan mangkono Harun iku minangka cangkemira lan sira kaya kang dadi Allahe.

17. Anadene teken iku sira gawaa, iku minangka sarana anggonira nindakake pratandha-pratandha mau.”

18. Sang Musa tumuli wangsul manggihi Imam Yitro marasepuhe, sarta ature: “Kula kalilana wangsul manggihi sanak-kadang kula ingkang wonten Mesir, badhe kula tuweni, punapa taksih sami gesang?” Wangsulane Imam Yitro: “Iya becik mangkata kalawan tentrem!”

19. Anadene Pangeran Yehuwah iya wus ngandika marang Sang Musa ana ing tanah Midian: “Sira balia menyang Mesir, awitdene sakehe wong kang nedya mateni sira iku wus padha mati.”

20. Sang Musa banjur ngajak garwane lan putra-putrane, padha katunggangake ing kuldi wangsul menyang ing tanah Mesir; lan tekene Gusti Allah iku diasta.

21. Dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Anggonira bali menyang ing tanah Mesir iku kudu tansah eling, supaya sakehe kaelokan kang wus Sunpasrahake marang sira iku sira tindakna ana ing ngarepe Pringon. Ingsun bakal mangkotake atine Pringon, temah bakal ora nglilani lungane umatingSun.

22. Sira kudu matur marang Pringon: Dhawuhipun Pangeran Yehuwah makaten: Israel iku putraningSun, iya putraningSun pambajeng;

maca bab lengkap Pangentasan 4