Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 4:1-12 Kitab Sutji (JAV)

1. Sang Musa banjur munjuk: “Kados pundi manawi tiyang-tiyang wau sami boten ngandel dhateng kawula saha boten mirengaken dhateng tembung-tembung kawula, malah lajeng wicanten: Pangeran Yehuwah boten ngatingal dhateng panjenengan?”

2. Pangandikane Pangeran Yehuwah marang Sang Musa: “Sira nyekel apa iku?” Unjuke Sang Musa: “Punika teken.”

3. Dhawuhe Pangeran Yehuwah: “Teken iku sira uncalna ing lemah!” Banjur kelakon diuncalake ing lemah, tumuli malih dadi ula, Sang Musa satemah mlajeng.

4. Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Sang Musa: “Tanganira gumrageha, pethite cekelen!” Sang Musa banjur gumrageh astane, pethite dicepeng, banjur malih dadi teken maneh ana ing astane.

5. “Iku supaya padha ngandela, yen sira wus diketingali dening Pangeran Yehuwah Gusti Allahe para leluhure, Gusti Allahe Abraham, Gusti Allahe Iskak lan Gusti Allahe Yakub.”

6. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika maneh marang Sang Musa: “Tanganira lebokna ing tangkeping jubahira!” Banjur iya kelakon astane dilebetake ing tangkeping jubahe, bareng ditarik, lah astane nandhang mala saraat putih kaya salju.

7. Sawuse mangkono dhawuhe maneh: “Tanganira lebokna maneh ing tangkeping jubahira!” Sang Musa banjur nglebetake astane maneh ing tangkeping jubahe, bareng ditarik metu, lah wus pulih maneh kaya sarirane.

8. “Saupama padha ora ngandel marang sira lan ora maelu marang pratandha kang kapisan, mesthi bakal padha ngandel marang pratandha kang kapindho.

9. Saupama meksa padha ora ngandel marang pratandha loro mau lan ora ngrungokake tembungira, sira njupuka banyu saka bengawan Nil, sira esokna ing lemah kang garing, banyu mau ana ing lemah kang garing bakal malih dadi getih.”

10. Unjuke Sang Musa marang Pangeran Yehuwah: “Dhuh Pangeran, kawula punika boten saged rembagan, wiwit rumiyin mila, wiwit Paduka mangandikani, inggih sanes ahli micara, margi gineman kawula alot saha ilat kawula kaken.”

11. Nanging Sang Yehuwah ngandika: “Sapa kang nitahake ilate manungsa, lan sapa kang nitahake wong bisu utawa budheg, wong melek utawa wong wuta? Apa dudu Ingsun, Yehuwah?

12. Kang iku sira mangkata, Ingsun kang bakal ngereh ilatira lan mulang marang sira apa kang kudu sira ucapake.”

maca bab lengkap Pangentasan 4