Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 38:17-31 Kitab Sutji (JAV)

17. Ompake cagak-cagak iku tembaga, nanging canthelane lan sunduke selaka, ing dhuwure iya kablongsong ing salaka. Sakehe cagak plataran iku padha kasambung kalawan sunduk salaka.

18. Geber gapura plataran iku tenunan alus manca-warna, kang kagawe bakal wungu tuwa, wungu nom, jingga lan bahane lena alus kang benange kaantih: dawane rong puluh asta, nanging dhuwure lan ambane nglimang asta, padha karo klambuning plataran.

19. Cagak papat lan ompake papat iku padha tembaga, nanging canthelane salaka, ing dhuwure cagak uga padha kablongsong salaka, mangkono uga sunduke iya salaka.

20. Anadene sakehe pathok kang kanggo ing Tarub Suci lan plataran iku padha tembaga.

21. Iki pratelan bab wragad kanggo ngadegake Tarub Suci, yaiku Tarub Suci kang isi angger-anggere Gusti Allah digawe awit saka prentahe Nabi Musa, dening para bani Lewi kapimpim Itamar, putrane Rama Harun.

22. Bezaleel bin Uri bin Hur saka Taler Yehuda, iku kang nggarap sabarang kang diprentahake dening Sang Yehuwah marang Nabi Musa,

23. kabiyantu dening Aholiab bin Ahisamakh, saka taler Dhan, wong kang ahli ing gegawean, baud gawe tenunan manca-warna nganggo lawe wungu tuwa, wungu nom, jingga lan lena alus.

24. Kabeh mas kang kanggo yasa pasucen, iku mas pisungsung-mligi, gunggunge ana sangalikur talenta punjul pitung atus telung puluh sekel miturut timbangan pasucen.

25. Anadene salaka pisungsunge wong kang kadaftarake saka ing satengahe pasamuwan, iku gunggunge ana satus talenta punjul sewu pitung atus pitung puluh lima sekel, miturut timbangan pasucen:

26. saben wong siji sabeka, yaiku setengah sekel, ditimbang miturut sekelan pasucen, saka saben wong kang padha kedaftar, kang umure rong puluh taun munggah, gunggunge wong nem atus telung ewu limang atus seket.

27. Salaka mau kang satus talenta dicithak dadi ompak-ompak pasucen lan ompak klambu. Salaka satus talenta kanggo ompak satus iji, dadi satalenta kanggo ompak siji.

28. Salaka kang sewu pitung atus pitung puluh lima sekel iku dianggo gawe canthelan-canthelan cagak, kanggo blongsong cagak perangan kang dhuwur, karomaneh cagak mau padha kasambung kalawan sunduk.

29. Mungguh tembaga pisungsung-mligi iku gunggunge ana pitung puluh talenta punjul rong ewu patang atus sekel.

30. Tembaga mau dianggo gawe ompake lawang Tarub Pasewakan, misbyah dalah krawangane lan sakehe pirantine misbyah mau,

31. ompak-ompak ing saubenge plataran, ompaking gapurane plataran iku, sakehe pathok-pathoking Tarub Suci lan sakehe pathok plataran ing saubenge.

maca bab lengkap Pangentasan 38