Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 37:23-29 Kitab Sutji (JAV)

23. Padamaran iku digawekake damar clupak pitung iji sasapite lan tadhahe langes, iya mas murni kang kagawe.

24. Mas murni satalenta kang dianggo gawe padamaran iku dalah sapirantine kabeh.

25. Bezaleel iya gawe misbyah padupan, kayu sittah kang digawe, dawane saasta, ambane iya saasta, dadi pesagi, nanging dhuwure rong asta, sungu-sungune iras-irasan karo misbyahe.

26. Iku diblongsong ing mas murni, iya papane ing dhuwur, iya lambunge mubeng lan sungu-sungune; kabeh dietrapi plisir mas mubeng.

27. Karodene iya dipasangi gelangan mas loro kaprenah sangisore plisir ana ing iringan kiwa tengen ing sisih loro-lorone, kanggo slobokan pikulane kang kagawe ngusung misbyah iku.

28. Pikulane iku kang kagawe kayu sittah lan kablongsong ing mas.

29. Karomaneh iya gawe lenga jebad kang suci, lan dupa murni, kang kagawe bumbu-bumbu kang wangi, kaya gaweane tukang nyampur bumbu-bumbu.

maca bab lengkap Pangentasan 37