Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 37:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Bezaleel nuli gawe pethi iku, kang kagawe kayu sittah, dawane loro satengah asta, ambane karotengah asta, lan dhuwure iya karotengah asta,

2. banjur diblongsong ing mas murni ing jero lan ing jabane, sarta dietrapi plisir mas mubeng temu gelang.

3. Karodene iya digawekake gelangan mas cor-coran patang iji padha kaetrapake ing pojoke ngisor papat pisan, yaiku gelangan loro ana iringan kang siji, gelangan loro maneh ana iringan sijine.

4. Sarta maneh gawe pikulan kayu sittah padha kablongsong ing mas,

5. pikulan iku dislobokake ing gelangan kang ana ing iringane pethi, kagawe ngusung.

6. Nuli iya gawe tutup pangruwatan kang kagawe mas murni, dawane loro satengah asta lan ambane karotengah asta,

7. sarta iya yasa kerub mas loro kang kagawe mas gemblengan, kaprenahake ing pungkasane tutup pangruwatan iku.

8. Kerub kang siji ana ing pungkasaning sisih kenene, lan kerub sijine ana ing pungkasaning sisih kananing tutup, kerub sakarone padha digawe irasan karo tutup pangruwatan mau kaprenah ing poncot karo-karone.

9. Kerub-kerub iku padha mbeber swiwine karo pisan mandhuwur ngaubi tutup pangruwatan, sarta raine arep-arepan lan tumungkul marang tutup pangruwatan.

10. Bezaleel mau iya gawe meja kayu sittah, dawane rong asta, ambane saasta, dhuwure karotengah asta,

11. diblongsong ing mas murni lan dietrapi plisir mas mubeng.

maca bab lengkap Pangentasan 37