Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 34:23-35 Kitab Sutji (JAV)

23. Setaun rambah kaping telu sakehe wong lanang panunggalanira padha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,

24. awitdene Ingsun bakal nundhungi bangsa-bangsa saka ing ngarepira sarta ngelar jajahanira. Lan ora ana bangsa kang bakal melik ngebeki tanahira, angger sira tetep seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahira setaun rambah kaping telu.

25. Anggone nyaosake kurban sembelehan marang Ingsun iku aja dikantheni apa-apa kang mawa ragi, kurban sembelehan ing riyaya Paskah aja nganti nginep tekan esuke.

26. Wiwitaning pametune buminira kang becik dhewe sira ladekna menyang padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira aja ngolah daging cempe nganggo puwane embokne.”

27. Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Nabi Musa: “Pepakon iku sira tulisana, awitdene adhedhasar pepakon mau anggoningSun damel prajanjian karo sira lan Israel.”

28. Nabi Musa anggone ana ing kono kalawan Sang Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu. Anadene panjenengane nyerati sakehing tetembunganing prajanjian ana ing papan watu, yaiku Sabda Sepuluh.

29. Kacarita nalika Nabi Musa tumedhak saka ing gunung Sinai, -- papan angger-anggering Allah sakarone kaasta mandhap, nalika mandhap saka ing gunung mau -- panjenengane ora mirsa yen kuliting pasuryane mencorong marga saka anggone wus imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.

30. Bareng Rama Harun lan sakehe wong Israel padha ndeleng Nabi Musa, kuliting pasuryane katon mencorong, banjur padha wedi nyedhaki panjenengane.

31. Nanging Nabi Musa tumuli nimbali wong-wong mau, temah Rama Harun lan sakehe para panggedhene pasamuwan padha bali sowan, banjur padha dipangandikani dening Nabi Musa.

32. Sawuse mangkono sakehe wong Israel iya banjur padha nyedhak uga, sarta padha dipangandikani bab apa kang wus kadhawuhake dening Sang Yehuwah ana ing gunung Sinai.

33. Bareng Nabi Musa wus rampung anggone mangandikani wong-wong mau, banjur nutupi pasuryane kalawan kacu.

34. Nanging samangsa Nabi Musa sowan marang ing ngarsaning Pangeran Yehuwah perlu imbal wacana, kacu mau diselehake nganti saundure. Dene samangsa wus ana ing jaba, apa kang wus kadhawuhake iku kawartosake marang wong Israel.

35. Manawa wong Israel ndeleng kuliting pasuryane Nabi Musa mencorong, Nabi Musa banjur nutupi pasuryane maneh nganti panjenengane lumebet ngadhep perlu imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Pangentasan 34