Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 34:15-29 Kitab Sutji (JAV)

15. Kang iku sira aja nganti gawe prajanjian karo wong isine tanah kono; samangsa bangsa iku padha bedhangan lan ngetut-buri marang allahe lan padha sesaji marang allahe, sira bakal padha diulemi, lan sira bakal padha melu mangan kurban sembelehane.

16. Manawa sira njupuk anak-anake wadon sira olehake anak-anakira, lan anake wadon iku samangsa padha bebedhangan kalawan ngetut-buri marang allahe, iku mesthi bakal mbujuk anak-anakira supaya laku bedhang kalawan ngetut-buri marang allahe mau.

17. Sira aja gawe allah cor-coran kanggo sira.

18. Sira netepana riyaya Roti Tanpa Ragi; pitung dina lawase sira kudu mangan roti tanpa ragi, kaya kang wus Sunprentahake marang sira, ing waktu kang wus katetepake ana ing sasi Abib; awit mbeneri ing sasi iku anggonira metu saka tanah Mesir.

19. Sadhengah kang lair dhisik dhewe, iku dadi kagunganingSun, uga sakehe kewanira kang lanang, pambarepe sapi utawa wedhus.

20. Nanging anake kuldi kang pambarep iku katebusa sarana cempe; saupama ora sira tebus, kaputunga cengele. Saben anakira pambarep kang lanang iku kudu sira tebus. Saben wong kang seba marang ing ngarsaningSun ora kena tanpa nggawa apa-apa.

21. Nem dina sira nyambuta gawe, nanging ing dina kapitu sira lerena; sanadyan ing mangsa mluku utawa panen sira iya kudu netepi dina palerenan iku.

22. Sira netepana riyaya pungkasaning pitung minggu, iya iku riyaya wiwitane panen gandum, apadene riyaya undhuh-undhuh ing pungkasane taun.

23. Setaun rambah kaping telu sakehe wong lanang panunggalanira padha sebaa marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,

24. awitdene Ingsun bakal nundhungi bangsa-bangsa saka ing ngarepira sarta ngelar jajahanira. Lan ora ana bangsa kang bakal melik ngebeki tanahira, angger sira tetep seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah Gusti Allahira setaun rambah kaping telu.

25. Anggone nyaosake kurban sembelehan marang Ingsun iku aja dikantheni apa-apa kang mawa ragi, kurban sembelehan ing riyaya Paskah aja nganti nginep tekan esuke.

26. Wiwitaning pametune buminira kang becik dhewe sira ladekna menyang padalemaning Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira. Sira aja ngolah daging cempe nganggo puwane embokne.”

27. Pangeran Yehuwah banjur ngandika maneh marang Nabi Musa: “Pepakon iku sira tulisana, awitdene adhedhasar pepakon mau anggoningSun damel prajanjian karo sira lan Israel.”

28. Nabi Musa anggone ana ing kono kalawan Sang Yehuwah lawase patang puluh dina patang puluh bengi, ora dhahar roti lan ora ngunjuk banyu. Anadene panjenengane nyerati sakehing tetembunganing prajanjian ana ing papan watu, yaiku Sabda Sepuluh.

29. Kacarita nalika Nabi Musa tumedhak saka ing gunung Sinai, -- papan angger-anggering Allah sakarone kaasta mandhap, nalika mandhap saka ing gunung mau -- panjenengane ora mirsa yen kuliting pasuryane mencorong marga saka anggone wus imbal wacana karo Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap Pangentasan 34