Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 34:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mrejenga papan watu loro kaya kang dhisik, papan mau bakal Sunserati pangandika padha kaya kang ana ing papan sakawit kang wus sira remuk iku.

2. Karodene sira cecawisa ngarepake wayah esuk lan manawa wus esuk sira munggaha ing gunung Sinai; sira ngadega ngadhepake Ingsun ana ing pucake gunung iku.

3. Nanging aja ana wong siji bae kang melu munggah karo sira, iya aja ana wong kang katon kumliwer ing sawratane gunung, sanajan wedhus utawa sapi, aja ana kang diengon ing sakubenge gunung iku.”

4. Nabi Musa banjur mrejeng papan watu loro kaya kang dhisik; ing wayah esuk tumuli wungu sarta minggah ing gunung Sinai, kaya kang wus didhawuhake dening Pangeran Yehuwah, sarta ngasta papan watu loro mau.

5. Pangeran Yehuwah banjur tumendhak ana ing mega, tumuli jumeneng ana ing sacedhake Nabi Musa sarta nyebut asmaning Sang Yehuwah.

6. Ing kono Pangeran Yehuwah banjur tindak langkung ngarepe sarta nguwuh-uwuh: “Yehuwah, Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane,

7. kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman, kang malesake kaluputaning bapa marang anak-putune, turun ping telu lan ping pat.”

8. Nabi Musa enggal-enggal sumungkem konjem ing bumi sarta sujud,

9. unjuke: “Dhuh Pangeran, manawi kawula sampun manggih sih palimirma wonten ing ngarsa Paduka, dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa tindak wonten ing tengah-tengah kawula; sanadyan bangsa punika bangsa ingkang wangkal, Paduka mugi ngapunten kalepatan saha dosa kawula sadaya; kawula mugi sami Paduka pundhut dados kagungan Paduka.”

10. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika: “Lah Ingsun nganakake prajanjian. Ana ing ngarepe bangsanira kabeh, Ingsun bakal nindakake kaelokan kang durung tau kelakon ana ing salumahing bumi ing satengahe sakehe bangsa; temah bangsanira kabeh bakal padha nyipati pakaryaning Yehuwah, awitdene apa kang bakal Suntindakake marang sira iku nyata-nyata nggegirisi.

maca bab lengkap Pangentasan 34