Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 32:33-35 Kitab Sutji (JAV)

33. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Wong kang gawe dosa marang Ingsun, iku kang Sunbusek jenenge saka ing kitabingSun.

34. Nanging samengko wis, sira lungaa, bangsa iku kairida menyang panggonan kang wus Sundhawuhake marang sira, lan malaekatingSun kang bakal lumaku ana ing ngarepira; nanging ing dina piwalesingSun, Ingsun bakal paring piwales tumrap dosane marang wong-wong iku.”

35. Mangkono Pangeran Yehuwah anggone matrapi bangsa iku, awit wus padha akon gawe pedhet, kang banjur kayasa dening Rama Harun mau.

maca bab lengkap Pangentasan 32