Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 32:29-33 Kitab Sutji (JAV)

29. Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngandika: “Wiwit samengko kowe padha misungsungna awakmu marang Pangeran Yehuwah, siji-sijine padha misungsungna nyawane anake lanang lan sadulure, temah kowe padha kaparingan berkah ing dina iki.”

30. Esuke Nabi Musa ngandika marang bangsa iku: “Kowe wus padha nglakoni dosa gedhe, nanging saiki aku dakmunggah seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, bokmanawa aku bisa ngolehake karukunan marga saka dosamu iku.”

31. Nabi Musa banjur sowan marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah sarta munjuk: “Adhuh, bangsa punika sampun nglampahi dosa ageng, dene sampun sami damel allah mas kangge sesembahan.

32. Ewasamanten sapunika Paduka mugi karsaa ngapunten dosanipun, dene manawi boten kepareng, nama kawula kemawon mugi Paduka icali saking kitab seratan Paduka.”

33. Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Musa: “Wong kang gawe dosa marang Ingsun, iku kang Sunbusek jenenge saka ing kitabingSun.

maca bab lengkap Pangentasan 32