Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 32:17-31 Kitab Sutji (JAV)

17. Bareng Yusak krungu giyak-giyake wong akeh, banjur matur marang Nabi Musa: “Ing palereban kepireng swara suraking perang!”

18. Nanging pangandikane Nabi Musa: “Iku dudu swaraning kidung kaunggulan lan iya dudu kidung pangadhuh marga kasoran, aku krungu swarane kidung saur-sauran.”

19. Kacarita bareng wus cedhak ing palereban, sarta mirsa reca pedhet lan wong-wong padha jejogedan, Nabi Musa banjur duka banget, nganti papan watu loro mau dibanting, temah pecah ana ing sikile gunung.

20. Reca pedhet gaweane wong-wong mau banjur dipundhut dening Nabi Musa, diobong sarta diejur-ejur nganti dadi lembut banget, tumuli disawurake ing banyu lan wong Israel padha didhawuhi ngombe banyu iku.

21. Nabi Musa tumuli ngandika marang Rama Harun: “Bangsa iki nandukake apa marang kowe, dene kowe nganti nekakake dosa kang samono gedhene marang wong-wong iki?”

22. Nanging wangsulane Rama Harun: “Sampun ngantos duka bendara kula, panjenengan pirsa piyambak bilih bangsa punika sampun kawengku ing piawon,

23. cariyosipun dhateng kula makaten: Kula mugi panjenengan damelaken allah ingkang badhe tindak wonten ngajeng kula, awitdene Musa ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir, kula boten sumerep kedadosanipun.

24. Kula lajeng mangsuli makaten: Sapa kang duwe mas dicopota! Tiyang-tiyang wau lajeng ngladosaken masipun dhateng kula, lajeng kula lebetaken ing latu, ingkang muncul reca pedhet punika.”

25. Bareng Nabi Musa mirsa yen bangsa iku kaya jaran kang mbedhal saka ing gedhongan, marga Rama Harun kang ngeculake, temah dadi pepoyokane para satrune.

26. Nabi Musa banjur jumeneng mapan ana ing gapurane palereban sarta ngandika: “Sing sapa nganggep marang Pangeran Yehuwah, majua mrene!” Ing kono bani Lewi padha maju kabeh marang ing ngarsane Nabi Musa.

27. Nuli padha kadhawuhan: “Pangandikane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel mangkene: Kabeh padha nyengkelita pedhang ana ing lambungmu, palerebane padha dlajahana saka ing gapura siji terus tekan ing gapura sijine, lan saben wong matenana sadulure, kancane lan tangga-teparone!”

28. Wong bani Lewi banjur padha ngestokake apa sadhawuhe Nabi Musa, temah ing dina iku panunggalane umat kang padha mati watara wong telung ewu.

29. Sawuse mangkono Nabi Musa tumuli ngandika: “Wiwit samengko kowe padha misungsungna awakmu marang Pangeran Yehuwah, siji-sijine padha misungsungna nyawane anake lanang lan sadulure, temah kowe padha kaparingan berkah ing dina iki.”

30. Esuke Nabi Musa ngandika marang bangsa iku: “Kowe wus padha nglakoni dosa gedhe, nanging saiki aku dakmunggah seba marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah, bokmanawa aku bisa ngolehake karukunan marga saka dosamu iku.”

31. Nabi Musa banjur sowan marang ing ngarsane Pangeran Yehuwah sarta munjuk: “Adhuh, bangsa punika sampun nglampahi dosa ageng, dene sampun sami damel allah mas kangge sesembahan.

maca bab lengkap Pangentasan 32