Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 32:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Nalika bangsa iku sumurup, yen Nabi Musa nganti lawas ora mandhap-mandhap saka ing gunung, banjur padha nglumpuk ana ing ngarsane Rama Harun, ature: “Sumangga, kula panjenengan damelaken allah, ingkang badhe tindak wonten ing ngajeng kula; margi Musa, ingkang sampun ngirid lampah kula medal saking tanah Mesir punika, kula sami boten mangertos kadadosanipun.”

2. “Pangandikane Rama Harun marang wong-wong mau: Kowe padha nyopotana anting-anting mas kang ana ing kupinge somahmu, lan anak-anakmu lanang lan wadon, nuli gawenen mrene kabeh.”

3. Ing kono wong akeh banjur padha nyopoti anting-antinge mas kang ana ing kupinge somahe lan anak-anake, sarta diaturake marang Rama Harun.

4. Sawuse Rama Harun nampeni iku mau kabeh, tumuli didhapur sarana katatah dadi pepethan pedhet cor-coran. Ing kono pangucape wong akeh: “He Israel! Iku allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir.”

5. Bareng Rama Harun mirsa, banjur yasa misbyah ana ing sangarepe pepethan pedhet iku, Rama Harun nuli nguwuh: “Sesuk riyaya sumaos marang Pangeran Yehuwah!”

6. Esuke tumuli padha tangi sarta nyajekake kurban obaran lan kurban slametan, sawuse mangkono wong mau banjur padha mangan lan ngombe, nuli ngadeg sarta asumyak-sumyak.

7. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira mangkata, mudhuna, awitdene bangsanira kang wus sira irid lakune metu saka ing tanah Mesir iku wus tumindak duraka.

maca bab lengkap Pangentasan 32