Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 31:6-12 Kitab Sutji (JAV)

6. Karodene Ingsun iya wus netepake minangka rewange ing gawe iya iku Aholiab bin Ahisamakh, saka taler Dhan; saben ahli wus Sunparingi keahlian; iku padha gawea sabarang kang Sunprentahake marang sira:

7. Tarub Pasewakan, pethi angger-angger, tutup pangruwatan kanggo pethi mau, lan sakabehe pirantine tarub iku,

8. kayata meja sapirantine, padamaran mas murni sapirantine lan misbyah padupan,

9. misbyah kurban obaran sapirantine, wadhah banyu satadhahane,

10. mangkono uga panganggon dhines, sandhangan suci kanggo Harun sarta sandhangane para anake kang padha dadi imam,

11. lenga jebad lan dupa wangi kanggo ing pasucen; iku kabeh kudu kagawe miturut plek kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.”

12. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa, mangkene:

maca bab lengkap Pangentasan 31