Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 31:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa, mangkene:

2. “Lah Ingsun wus milih Bezaleel bin Uri bin Hur, saka taler Yehuda,

3. lan wus Sunpenuhi Rohing Allah, keahlian, kawasisan tuwin kawruh tumrap sawernaning pagawean,

4. bisa ngrancang pagawean barang mas, salaka lan tembaga;

5. nggosok sesotya supaya kena dipasang; ngukir kayu sarta nindakake sarupane gegawean.

6. Karodene Ingsun iya wus netepake minangka rewange ing gawe iya iku Aholiab bin Ahisamakh, saka taler Dhan; saben ahli wus Sunparingi keahlian; iku padha gawea sabarang kang Sunprentahake marang sira:

7. Tarub Pasewakan, pethi angger-angger, tutup pangruwatan kanggo pethi mau, lan sakabehe pirantine tarub iku,

maca bab lengkap Pangentasan 31