Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 3:11-22 Kitab Sutji (JAV)

11. Ing kono unjuke Sang Musa marang Gusti Allah: “Kawula punika sinten ta, dene kadhawuhan sowan dhateng Sang Prabu Pringon sarta mbekta medal tiyang Israel saking tanah Mesir?”

12. Gusti Allah banjur ngandika: “Ingsun rak bakal nunggil kalawan sira, sarta iki kang dadi pratandhane, menawa Ingsun kang ngutus sira: Samangsa sira wus nggawa metu bangsa iku saka ing tanah Mesir, sira bakal padha ngabekti marang Gusti Allah ana ing gunung iki.”

13. Unjuke Sang Musa marang Gusti Allah: “Nanging manawi kawula manggihi tiyang Israel sarta kawula cariyosi: Gusti Allahe para leluhurmu kang ngutus aku nemoni kowe, mangka lajeng sami pitaken: Asmanipun sinten? Kados pundi wangsulan kawula?”

14. Pangandikane Gusti Allah marang Sang Musa: “INGSUN ANA KANG ANA.” Pangandikane maneh: “Tuturira marang wong Israel mangkene: INGSUN ANA iku kang ngutus aku nemoni kowe.”

15. Dhawuhe Gusti Allah marang Sang Musa maneh: “Tutura marang wong Israel mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Gusti Allahe Rama Iskak lan Gusti Allahe Rama Yakub, iku kang ngutus aku nemoni kowe. Dene iya iku asmaningSun ing salawas-lawase, iku sebutaningSun turun-tumurun.

16. Sira mangkata, para tuwa-tuwane Israel padha klumpukna, padha tuturana mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhurmu, Gusti Allahe Rama Abraham, Iskak lan Yakub, wus ngetingali aku sarta ngandika: Ingsun wus nggatosake marang sira kabeh, iya wus mirsa apa kang ditandukake marang sira ana ing tanah Mesir.

17. Kang iku pangandikaningSun: Ingsun bakal ngluwari sira saka kasangsaran ing Mesir, Sunirid menyang tanahe wong Kanaan, wong Het, wong Amori, wong Feris, wong Hewi lan wong Yebus, menyang tanah kang luber puwan lan madu.

18. Lan samangsa padha ngrungokake tembungira, sira dalah para tuwa-tuwane Israel tumuli padha sebaa marang ratu ing Mesir, lan padha matura mangkene: Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun bangsa Ibrani sampun manggihi kawula, pramila ing samangke kawula mugi kelilanana kesah dhateng pasamunan tebihipun lampahan tigang dinten, badhe sami saos kurban dhateng Pangeran Yehuwah Allah kawula.

19. Ewasamono Ingsun mirsa, yen raja ing Mesir bakal ora nglilane sira lunga, kajaba manawa dipeksa sarana asta kang rosa.

20. Mulane Ingsun bakal ngegarake astaningSun lan nggebag tanah Mesir klawan sarupane kaelokan, kang bakal Suntandukake ana ing tengahe. Sawuse mangkono nuli bakal nglilani sira lunga.

21. Lan wong Mesir bakal Sundadekake loma marang bangsa iki, satemah samangsa sira padha lunga, mesthi ora klawan legeh.

22. Malah sawiji-wijining wong wadon njaluka barang dandanan selaka lan mas, apadene sandhangan marang wong wadon tanggane lan kang tunggal saomah, iku banjur sira anggokna anakira lanang lan wadon, mangkono anggonira bakal njarahi wong Mesir.”

maca bab lengkap Pangentasan 3