Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 3:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene Sang Musa saben-saben ngengen wedhuse Imam Yitro, kang rama marasepuh, imam ing Midian. Nalika ing sawijining dina pinuju nggiring wedhuse nganti ngliwati wates pasamunan, lan rawuh ing gununge Gusti Allah, yaiku gunung Horeb,

2. tumuli dikatingali dening Sang Malaekating Yehuwah ing sajroning urube geni ana ing tengahe grumbul eri. Banjur uninga: grumbul eri iku murub, ewadene ora kamangsa ing geni.

3. Sang Musa banjur ngunandika: “Coba dakparanane daksatitekne sesawangan kang elok iku, apa sababe dene grumbul eri iku ora nganti kobong?”

4. Bareng Pangeran Yehuwah mirsa yen Sang Musa sumedya murugi nyatitekake, tumuli nguwuh saka ing satengahe grumbul eri, pangandikane: “Musa, Musa!” Unjuke Sang Musa: “Kawula nuwun, kula!”

5. Dhawuhe Gusti Allah: “Sira aja nyedhak mrene, trumpahira copoten saka ing sikilira, awitdene panggonan kang sira idak iku tanah kang suci!”

maca bab lengkap Pangentasan 3