Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 29:32-46 Kitab Sutji (JAV)

32. Harun dalah anak-anake padha mangana daging wedhus iku karo roti kang ana ing cething ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan.

33. Harun lan anak-anake kudu mangan iku kabeh, marga iku dadi sarana panebuse nalika diwisudha lan disucekake, nanging wong liyane aja ana kang melu mangan, marga kabeh iku pisungsung suci.

34. Daginge pisungsung tahbisan lan rotine iku, manawa ana turahane nganti tumeka esuke, iku kaobonga, aja dipangan, marga kabeh iku pisungsung suci.

35. Dadi Harun lan anak-anake iku kudu sira tanduki kaya saprentahingSun marang sira, sajroning pitung dina lawase anggonira nahbisake.

36. Saben dina sira kudu ngolah sapi lanang siji minangka kurban pangruwating dosa kanggo nganakake karukunan sarta misbyah iku kudu sira sucekake kanthi nganakake karukunan kanggo iku; sarta sira jebadana supaya dadi suci.

37. Pitung dina lawase anggonira nganakake karukunan kanggo misbyah iku, misbyah iku kudu sira sucekake, satemah bakal dadi suci pinunjul; sadhengah wong kang nggepok misbyah iku bakal dadi suci.”

38. “Anadene kang kudu sira kurbanake ing misbyah iku: cempe loro kang umur nyetaun, ajeg saben dina.

39. Cempe kang siji sira saosna ing wayah esuk lan cempe sijine sira saosna ing wayah sore.

40. Cempe sijine kaolaha karo glepung kang becik saprasapuluh efa lan lenga dheplokan saprapat hin, sarta kurban unjukan rupa anggur saprapat hin.

41. Cempe sijine kaolaha ing wayah sore; padha kaya kurban dhaharan lan kurban unjukan ing wayah esuk, iku kaolaha minangka pisungsung kang arum, kurban geni kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah,

42. iku kurban obaran kang ajeg ana ing tengahira nganti turun-tumurun, kang kasaosake ing ngareping lawange Tarub Pasewakan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Marga ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira sarta ngandika marang sira.

43. Ana ing kono anggoningSun bakal manggihi wong Israel, temah panggonan iku bakal kasucekake dening kamulyaningSun.

44. Mangkono Ingsun bakal nucekake Tarub Pasewakan lan misbyah iku, sarta Harun lan anak-anake iya bakal Sunsucekake, supaya padha dadia imam lumados marang Ingsun.

45. Karodene Ingsun bakal dedalem ana ing tengahe wong Israel sarta Ingsun bakal jumeneng Allahe.

46. Ing kono banjur bakal padha weruh, yen Ingsun iki Yehuwah Allahe, kang wus ngirid metu saka ing tanah Mesir, supaya Ingsun dedalem ana ing tengahe, iya Ingsun iki Yehuwah, Allahe.”

maca bab lengkap Pangentasan 29