Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

Pangentasan 29:29-43 Kitab Sutji (JAV)

29. Sandhangan suci panganggone Harun iku iya dadia panganggone anak-putune, dianggoa samangsa padha dijebadi lan ditahbisake.

30. Turune kang nggenteni dadi imam, kang bakal lumebu ing Tarub Pasewakan perlu nindakake pangibadah ana ing pasucen, iku ngantia pitung dina lawase anggone nganggo sandhangan mau.

31. Wedhus lanang pisungsung tahbisan iku daginge kajupuka sarta diolaha ana ing panggonan kang suci.

32. Harun dalah anak-anake padha mangana daging wedhus iku karo roti kang ana ing cething ana ing ngarep lawang Tarub Pasewakan.

33. Harun lan anak-anake kudu mangan iku kabeh, marga iku dadi sarana panebuse nalika diwisudha lan disucekake, nanging wong liyane aja ana kang melu mangan, marga kabeh iku pisungsung suci.

34. Daginge pisungsung tahbisan lan rotine iku, manawa ana turahane nganti tumeka esuke, iku kaobonga, aja dipangan, marga kabeh iku pisungsung suci.

35. Dadi Harun lan anak-anake iku kudu sira tanduki kaya saprentahingSun marang sira, sajroning pitung dina lawase anggonira nahbisake.

36. Saben dina sira kudu ngolah sapi lanang siji minangka kurban pangruwating dosa kanggo nganakake karukunan sarta misbyah iku kudu sira sucekake kanthi nganakake karukunan kanggo iku; sarta sira jebadana supaya dadi suci.

37. Pitung dina lawase anggonira nganakake karukunan kanggo misbyah iku, misbyah iku kudu sira sucekake, satemah bakal dadi suci pinunjul; sadhengah wong kang nggepok misbyah iku bakal dadi suci.”

38. “Anadene kang kudu sira kurbanake ing misbyah iku: cempe loro kang umur nyetaun, ajeg saben dina.

39. Cempe kang siji sira saosna ing wayah esuk lan cempe sijine sira saosna ing wayah sore.

40. Cempe sijine kaolaha karo glepung kang becik saprasapuluh efa lan lenga dheplokan saprapat hin, sarta kurban unjukan rupa anggur saprapat hin.

41. Cempe sijine kaolaha ing wayah sore; padha kaya kurban dhaharan lan kurban unjukan ing wayah esuk, iku kaolaha minangka pisungsung kang arum, kurban geni kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah,

42. iku kurban obaran kang ajeg ana ing tengahira nganti turun-tumurun, kang kasaosake ing ngareping lawange Tarub Pasewakan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Marga ana ing kono anggoningSun bakal manggihi sira sarta ngandika marang sira.

43. Ana ing kono anggoningSun bakal manggihi wong Israel, temah panggonan iku bakal kasucekake dening kamulyaningSun.

maca bab lengkap Pangentasan 29